Afrika

bawana ing kawasan afro-eurasia

Afrika iku bawana (bawana) sing gedhé dhéwé kaping loro sa donya sawisé Asia. Jembaré karo kapuloan ing saubengé ana 30,2 yuta km², iku minangka 6% lumahing bumi lan 20,4% lumah lemah donya.[1] Ing tanah Afrika iku sing ndunungi ana kira-kira sak milyar jiwa (cacah taun 2009) lan kapérang dadi 61 wewengkon, yaiku nyakup kira-kira 14,72% sing ndunungi donya. Tanah Afrika iku kabagé dadi pirang-pirang tlatah sing luwih cilik, yaiku Afrika Lor (Maghribi), Afrika Kulon, Afrika Tengah, Afrika Kidul, lan Afrika Wétan.

Afrika

Afrika diliwati garis katulistiwa lan duwé warna-warna iklim; iki minangka siji-sijiné bawana sing mbentang saka wates loré zona iklim sedheng bumi nganti wates kidulé.[2] Prakiran pertumbuhan ékonomi Afrika yaiku watara 5,0% ing taun 2010 lan 5,5% ing taun 2011.[3]

Étimologi

besut
 
Péta Afrika 1890

Tembung Afrika asal saka basa Latin, Africa terra — "Tanah Afri" (wujud jamak saka Afer) — kanggo nuduhaké pérangan lor bawana mau, wektu iki minangka péranganing nagara Tunisia, papan panggonan provinsi Romawi ing Afrika. Asal tembung Afer manawa saka basa Fenisia, afar tegesé "awu";[4] utawa saka suku Bani Ifran,[5] sing manggon ing pérangan lor bawana iki cedhak Kartago; utawa saka basa Yunani aphrike sing tegesé "tanpa adhem"; utawa saka basa Latin aprica sing tegesé "cerah".

Sajarah

besut

Afrika iku dadi padunungan manungsa sing paling wiwitan, saka bawana iki manungsa sabanjuré nyebar menyang bawana-bawana liya.[6][7] Werna-warna fosil saka spesiés manungsa purba kang wujudé esih kaya kethèk uga akèh tinemu, kaya ta Australopithecus afarensis (dinuga kira-kira saka 3,9–3,0 yuta taun SM),[8] Paranthropus boisei (k. 2,3–1,4 yuta taun SM),[9] lan Homo ergaster (k. 1,9 yuta–600.000 taun SM).[1] Sawijining fosil kerangka manungsa purba sing misuwur diarani "Lucy", saiki disimpen ana ing musiyum nasional Addis Ababa, Etiopia. Manungsa sing modhèren kanthi anatomi wiwit kapisanan wujud fosil ing Afrika saka 195.000 taun kapungkur, nanging panelitian biologi molekulèr nemu tandha-tandha prakiran wektu pamisahan nènèk moyang sakabèhé populasi manungsa modhèren yaiku 200.000 taun kapungkur.[10][11][12][13][14]

Paternakan kéwan diprakirakaké wis diwiwiti taun 6000 SM ing Afrika Lor.[15] Ing taun 4000 SM, iklim Sahara molai dadi garing lan banjur rikat banget dadi ara-ara.[16] Akibaté wewengkon sing bisa kanggo panggonan wong tani dadi sithik, amarga iku nggarai mingrasi menyang Afrika Kulon kang wewengkoné nduwé iklim luwih tropis.[16]

Wiwit kira-kira taun 3300 SM, wiwit tinemu cathetan sajarah ing Afrika Lor, yaiku saka paninggalan peradaban Pirngon ing Mesir Kuna.[17] Salah sawijining peradaban paling kuna lan suwé umuré ing donya, kakuwaosan Mesir Kuna iku ngadeg lan nyebaraké warna-warna prabawa ing wewengkon-wewengkon liyané nganti tekan taun 343 SM.[18][19] Wong Fenisia saka Tirus (saiki ing Libanon) uga nuwuhaké punjer peradaban sing indepènden ing Kartago kang dumunung ana ing pasisir lor-wétan Afrika.[20][21][22] Ing taun 332 SM, Alexander Agung yasa kutha Alexandria ing Mesir, kang sabanjuré dadi kutha krajan sing mégah lan minangka panggonan panguwasa Ptolemeus Mesir.[23]

Perkembangan agama Kristen ing Afrika wis molai saka abad angka 1, yaiku wiwit diadegaké Gréja Ortodoks Alexandria déning Santo Markus sang Panginjil watara taun 43.[24] Agama Kristen sumebar ing pirang-pirang tlatah saka Palestina nganti Mesir, uga ngliwati wates kidulé wewengkon Romawi menyang Nubia lan abad angka 6 uga wis teka ing Ethiopia. Ing mangsa awal abad angka 7 nganti abad angka 8, agama Islam sumebar ana ing tlatah Afrika Sub-Sahara, mligi ngliwati jalur dagang lan migrasi.[25]

Géografi

besut
 
Foto Afrika kang dijupuk saka Apollo 17

Afrika iku wewengkon kebak alas kang lembab, padhang pasir kang garing, lan alas tropis. Afrika ugi bawana kang kebak bukit kang dhuwur lan ing pucukipun diubengi salju, sabana, lan udan kabut angin.

Afrika iku bawana gedhé dhéwé saka telu bawana ing belahan kidul Bumi lan sing gedhé dhéwé kaloro sawisé Asia. Jembaré kurang luwih 30.244.050 km2 (11.677.240 mil2) kalebu kapuloan ing saubengé, nyakup 20,3% saka total dharatan ing bumi lan didunungi punjul 800 yuta manungsa, utawa watara sapropitu populasi manungsa ing donya.

Kapisah saka Éropa déning Sagara Tengah, Afrika nyawiji karo Asia ing pucuk lor-wétan liwat Terusan Suez sing ambané 130 km. Ujung Sinai sing diduwèni déning Mesir kerep dianggep kanthi geopolitis minangka péranganing Afrika. Saka ujung paling lor, Tanjung Spartel ing Maroko, ing 37°21′ lintang lor, tekan ujung paling kidul, Tanjung Agulhas ing Afrika Kidul, 34°51′15″ lintang kidul, kabentang wewengkon sing leté 8.000 km; saka ujung paling kulon, Tanjung Verde, 17°33′22″ bujur kulon, nganti ujung paling wétan, Ras Hafun ing Somalia, 51°27′52″ bujur wétan, leté watara 7.400 km. Dawaning garis pasisir 26.000 km (minangka perbandingan, Éropa, sing duwé jembar 9.700.000 km² duwé garis pasisir 32.000 km).

Lumrahe wewengkon Afrika awujud lemah kang garing. Kualitas lemah kang kurang apik lan gampang rusak. Akèh lemah kang kurang subur amarga ngandhut akèh laterit, yaiku jenise watu kang gawé warna abang lemah.

Pulitik

besut
Deleng uga: Pratélaning parté pulitik ing Afrika miturut nagara

Ana pratandha cetha saka tambahé jaringan antarané organisasi lan nagara Afrika. Contoné, ing perang sipil ing Républik Dhémokratis Kongo (biyèn Zaire), tinimbang nagara non-Afrika sugih kang ngintervénsi, nagara-nagara Afrika tetanggan dadi mèlu (deleng uga Perang Kongo Kapindho). Wiwit konfliké wiwit ing taun 1998, kira-kira kurban jiwa wis tekan 5 yuta.

Uni Afrika

besut
 
Peta Uni Afrika karo nagara kang disuspènsi diwernani ijo

Uni Afrika (AU) iku sawijining fédherasi 54-anggota dumadi saka kabèh nagara Afrika kajaba Maroko. Panunggalan iku kawangun, kanthi Addis Ababa, Étiopia, minangka kantor punjer, tanggal 26 Juni 2001. Panunggalan iku resmi diadegaké ing 9 Juli 2002[26] minangka penerus Organisasi Afrika Bersatu (Organisation of African Unity, OAU). Ing Juli 2004, Parlemèn Pan-Afrika (Pan-African Parliament, PAP) Uni Afrika dipindhah menyang Midrand, ing Afrika Kidul, nanging Komisi Afrika ing Hak Manungsa lan Bangsa tetep ing Addis Ababa. Ana aturan kang isih berlaku kanggo desentralisasi institusi Federasi Afrika kang supaya padha dibagi déning kabèh nagara.

Uni Afrika, aja bingung karo Komisi AU, wis kawangun déning Undhang-Undhang Konstitutif Uni Afrika, kang yakuwi kanggo ndandani Komunitas Ékonomi Afrika, sawijining persemakmuran keklumpukan, menyang nagara sing ing pengakuan internasionalé dikukuhaké. Uni Afrika nduwé pemerintah parlementer, yaiku African Union Government, dumadi saka organ lègislatif, kahakiman, lan èksekutif. Iku dipanggedhèni déning Présidhèn lan Kepala Negara Uni Afrika, sing uga Présidhèn Parlemèn Pan-Afrika. Wong dadi Présidhèn AU amarga kapilih déning PAP, lan salajengipun éntuk panjurung mayoritas ing PAP. Kakuwasan lan otoritas saka Présidhèn Parlemèn Afrika asalé saka Undhang-Undhang Konstitutif lan Protokol Parlemèn Pan-Afrika, sarta warisan saka panguwasa présidhèn ditetapaké déning prajanjèn Afrika lan prajanjèn internasional, kalebu sing subordinating Sekretaris Jenderal ing Sekretariat OAU (Komisi AU) kanggo PAP. Pamarentah AU kasusun saka otoritas kabèh-uni (fédheral), regional, nagara, lan kotamadya, uga atusan institusi, sing bebarengan ngatur urusane dina-dina ing institusi.

Hubungan pulitik kaya ta Uni Afrika ngewéhi pangarep-arep kanggo ko-operasi lan tentrem luwih antarané akèh nagara ing bawana iki. Penyalahgunaan hak manungsa ekstensif isih dumadi ing sawatara péranganing Afrika, asring wonten ing kelalaian saka nagara. Akeh pelanggaran kelakon kanggo alasan pulitik, asring minangka efek sisih perang sipil. Negara ing kana pelanggaran hak manungsa utama wis dilapurké akir-akir iki kalebu Républik Dhémokratis Kongo, Sierra Leone, Liberia, Sudan, Zimbabwe, lan Panté Gadhing.

Nagara-nagara

besut

Sapérangan gedhé nagara ing Afrika iku tilas nagara jajahan, kajaba Afrika Kidul, Etiopia lan Liberia. Républik Dhémokrasi Kongo minangka tilas jajahan Bèlgi. Mesir, Sudan, Uganda, Kenya, Djibouti, Sierra Leone, Ghana, Nigeria, Zambia, Zimbabwe lan Botswana tilas jajahan Karajan Manunggal. Maroko, Aljazair, Mauritania, Mali, Senegal, Guinea, Pasisir Gadhing, Burkina Faso, Benin, Niger, Chad, Républik Afrika Tengah, Gabon, Kongo lan Madagaskar tilas jajahan Prancis. Togo, Kamerun, Burundi, Rwanda, Tanzania lan Namibia tilas jajahan Jerman. Libya, Eritrea, Somalia tilas jajahan Italia. Guinea Bissau, Angola, Malawi, lan Mozambik yaiku tilas jajahan Portugal. Sarta Sahara Kulon sing tilas jajahan Spanyol. Saproteloné yaiku 15 saka 47 nagara kakurung déning dharatan.

Wewengkon Afrika Lor

besut

Afrika lor kapérang saka nagara Aljazair, Maroko, Tunisia, Libia, Mesir, lan Sudan. Ing kabèh nagara iki, sapérangan akèh padununge yaiku wong-wong Arab lan agamané Islam. Basa kang utawa ing wewengkon iki yaiku basa Arab lan Prancis. Awit 5000 taun kapungkur, ing sadawané wewengkon lor Afrika wis ana masarakat kang duwé kabudayan kang luhur. Kaya ta Mesir Kuno, salah sijiné masarakat kang ngembangaké kabudayan kang luhur. Wewengkon Afrika Lor dadi laladan kang ngasilaké pangan, kaya ta: Kurma, Zaitun, lan Anggur, ditandhur bareng karo sayur-sayuran lan pari. Wewengkon kang ditukuli suket dianggo kanggo ngingu wedhus, lan raja-kaya liyané. Saka paternakan iki diasilake wol lan kulit mentah.

Wewengkon Afrika Kulon

besut

Wewengkon sisih kulon Afrika kapérang saka nagara Mali, Burkina Faso, Niger, Pasisir Gading, Guinea, Senegal, Mauritania, Benin, Togo, Kamerun, Guinea Bissau, Sao Tome lan Principe, Guiena Ekuatorial, Sahara Kulon, Liberia, Sierra Leone, Gambia, Ghana, lan Nigeria. Wewengkon kulon iki dadi wewengkon kapisan kang ditekani wong Éropa. Bangsa Portugis miwiti njajah ing taun 1400-an.

Wewengkon Afrika Wétan

besut

Wewengkon iki kapérang saka nagara Etiopia, Somalia, Djibouti, Rwanda, Burundi, Uganda, Kenya, lan Tanzania. Laladan iki awujud wewengkon gisik pasisir kang rata, munggah marang plato kang dhuwur, kang kapedhot déning tlaga lan gunung-gunung kang dhuwur. Ing Afrika Wétan akèh ditemoni masarakat keturunan kang béda-béda, duwé basa kang béda uga. Nanging sapérangan akèh nganggo basa Swahili.

Jeneng wewengkon lan
territoral lan gendéra
Jembar
(km²)
Populasi
(prakiran 1 Juli 2008)
Kapadhetan Padunung
(per km²)
Kutha krajan
Afrika Wétan
  Burundi 27.830 8.988.091[27] 322,9 Bujumbura
  Komoro 2.170 752.438[27] 346,7 Moroni
  Djibouti 23.000 516.055[27] 22,4 Djibouti
  Eritrea 121.320 5.647.168[27] 46,5 Asmara
  Etiopia 1.127.127 85.237.338[27] 75,6 Addis Ababa
  Kenya 582.650 39.002.772[27] 66,0 Nairobi
  Madagaskar 587.040 20.653.556[27] 35,1 Antananarivo
  Malawi 118.480 14.268.711[27] 120,4 Lilongwe
  Mauritius 2.040 1.284.264[27] 629,5 Port Louis
  Mayotte (Prancis) 374 223.765[27] 489,7 Mamoudzou
  Mozambik 801.590 21.669.278[27] 27,0 Maputo
Réunion (Prancis) 2.512 743.981(2002) 296,2 Saint-Denis
  Rwanda 26.338 10.473.282[27] 397,6 Kigali
  Seychelles 455 87.476[27] 192,2 Victoria
  Somalia 637.657 9.832.017[27] 15,4 Mogadishu
  Tanzania 945.087 41.048.532[27] 43,3 Dodoma
  Uganda 236.040 32.369.558[27] 137,1 Kampala
  Zambia 752.614 11.862.740[27] 15,7 Lusaka
Afrika Tengah
  Angola 1.246.700 12.799.293[27] 10,3 Luanda
  Kamerun 475.440 18.879.301[27] 39,7 Yaoundé
  Républik Afrika Tengah 622.984 4.511.488[27] 7,2 Bangui
  Chad 1.284.000 10.329.208[27] 8,0 N'Djamena
  Kongo 342.000 4.012.809[27] 11,7 Brazzaville
  Républik Dhémokrasi Kongo 2.345.410 68.692.542[27] 29,2 Kinshasa
  Guinea Khatulistiwa 28.051 633.441[27] 22,6 Malabo
  Gabon 267.667 1.514.993[27] 5,6 Libreville
  São Tomé lan Príncipe 1.001 212.679[27] 212,4 São Tomé
Afrika Lor
  Aljazair 2.381.740 34.178.188[27] 14,3 Aljir
  Mesir[28] 1.001.450 83.082.869[27] total, Asia 1,4m 82,9 Cairo
  Libya 1.759.540 6.310.434[27] 3,6 Tripoli
  Maroko 446.550 34.859.364[27] 78,0 Rabat
  Sudan 2.505.810 41.087.825[27] 16,4 Khartoum
  Tunisia 163.610 10.486.339[27] 64,1 Tunis
  Sahara Kulon[29] 266.000 405.210[27] 1,5 El Aaiún
Teritori Spanyol lan Portugal ing Afrika Lor
  Kapuloan Canary (Spanyol)[30] 7.492 1.694.477(2001) 226,2 Las Palmas de Gran Canaria,
Santa Cruz de Tenerife
  Ceuta (Spanyol)[31] 20 71.505(2001) 3.575,2
  Kapuloan Madeira (Portugal)[32] 797 245.000(2001) 307,4 Funchal
  Melilla (Spanyol)[33] 12 66.411(2001) 5.534,2
Afrika Kidul
  Botswana 600.370 1.990.876[27] 3,3 Gaborone
  Lesotho 30.355 2.130.819[27] 70,2 Maseru
  Zimbabwe 390.580 11.392.629[27] 29,1 Harare
  Namibia 825.418 2.108.665[27] 2,6 Windhoek
  Afrika Kidul 1.219.912 49.052.489[27] 40,2 Bloemfontein, Cape Town, Pretoria[34]
  Swaziland 17.363 1.123.913[27] 64,7 Mbabane
Afrika Kulon
  Benin 112.620 8.791.832[27] 78,0 Porto-Novo
  Burkina Faso 274.200 15.746.232[27] 57,4 Ouagadougou
  Tanjung Verde 4.033 429.474[27] 107,3 Praia
  Pasisir Gadhing 322.460 20.617.068[27] 63,9 Abidjan,[35] Yamoussoukro
  Gambia 11.300 1.782.893[27] 157,7 Banjul
  Ghana 239.460 23.832.495[27] 99,5 Accra
  Guinea 245.857 10.057.975[27] 40,9 Conakry
  Guinea-Bissau 36.120 1.533.964[27] 42,5 Bissau
  Liberia 111.370 3.441.790[27] 30,9 Monrovia
  Mali 1.240.000 12.666.987[27] 10,2 Bamako
  Mauritania 1.030.700 3.129.486[27] 3,0 Nouakchott
  Niger 1.267.000 15.306.252[27] 12,1 Niamey
  Nigeria 923.768 158.259.000[27] 161,5 Abuja
  Saint Helena, Ascension, lan Tristan da Cunha (Karajan Manunggal) 410 7.637[27] 14,4 Jamestown
  Senegal 196.190 13.711.597[27] 69,9 Dakar
  Sierra Leone 71.740 6.440.053[27] 89,9 Freetown
  Togo 56.785 6.019.877[27] 106,0 Lomé
Total Afrika 30.368.609 1.001.320.281 33,0

Deleng uga

besut

Réferènsi

besut
  1. a b Sayre, April Pulley. (1999) Africa, Twenty-First Century Books. ISBN 0-7613-1367-2.
  2. Visual Geography. "Africa. General info". Dibukak ing 2007-11-24.
  3. IMF WEO Oct. 2010 Retrieved 15-10-2010
  4. Itineraria Phoenicia, Edward Lipinski, Peeters Publishers, p200, 2004, ISBN 90-429-1344-4 Book on ligne
  5. The Berbers, by Geo. Babington Michell, p 161, 1903, Journal of Royal African people book on ligne
  6. Genetic study roots humans in Africa, BBC News | SCI/TECH
  7. Migration of Early Humans From Africa Aided By Wet Weather, sciencedaily.com
  8. Kimbel, William H. and Yoel Rak and Donald C. Johanson. (2004) The Skull of Australopithecus Afarensis, Oxford University Press US. ISBN 0-19-515706-0.
  9. Tudge, Colin. (2002) The Variety of Life., Oxford University Press. ISBN 0-19-860426-2.
  10. nsf.gov - National Science Foundation (NSF) News - New Clues Add 40,000 Years to Age of Human Species - US National Science Foundation (NSF)
  11. "Age of ancient humans reassessed". BBC News. February 16, 2005. Dibukak ing April 10, 2010.
  12. The Oldest Homo Sapiens: – URL retrieved May 15, 2009
  13. Alemseged, Z., Coppens, Y., Geraads, D. (2002). "Hominid cranium from Homo: Description and taxonomy of Homo-323-1976-896". Am J Phys Anthropol. 117 (2): 103–12. doi:10.1002/ajpa.10032. PMID 11815945.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  14. Stoneking, Mark; Soodyall, Himla (1996). "Human evolution and the mitochondrial genome". Current Opinion in Genetics & Development. 6 (6): 731–6. doi:10.1016/S0959-437X(96)80028-1.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  15. Diamond, Jared. (1999) "Guns, Germs and Steel: The Fates of Human Societies. New York:Norton, pp.167.
  16. a b O'Brien, Patrick K. (General Editor). Oxford Atlas of World History. New York: Oxford University Press, 2005. pp.22–23
  17. Were Egyptians the first scribes?, BBC News | Sci/Tech
  18. Hassan, Fekri A. (2002) Droughts, Food and Culture, Springer. p. 17. ISBN 0-306-46755-0.
  19. McGrail, Sean. (2004) Boats of the World, Oxford University Press. p. 48. ISBN 0-19-927186-0.
  20. Fage, J. D. (1979) The Cambridge History of Africa, Cambridge University Press. ISBN 0-521-21592-7.
  21. Fage, J. D., et al (1986) The Cambridge History of Africa, Cambridge University Press. Vol. 2, p. 118.
  22. Oliver, Roland and Anthony Atmore. (1994) Africa Since 1800, Cambridge University Press. ISBN 0-521-42970-6.
  23. "Ptolemaic and Roman Egypt: 332 BC-395 AD". Wsu.edu. 1999-06-06. Diarsip saka sing asli ing 2010-05-28. Dibukak ing 2010-05-18.
  24. Eusebius of Caesarea, the author of Ecclesiastical History in the 4th century, states that st. Mark came to Egypt in the first or third year of the reign of Emperor Claudius, i.e. 41 or 43 A.D. "Two Thousand years of Coptic Christianity" Otto F.A. Meinardus p28.
  25. Ayoub, Mahmoud M. (2004). Islam: Faith and History. Oxford: Oneworld. kc. 76, 92–3, 96–7.
  26. Thabo Mbeki (9 July 2002). "Launch of the African Union, 9 July 2002: Address by the chairperson of the AU, President Thabo Mbeki". ABSA Stadium, Durban, South Africa: africa-union.org. Dibukak ing 8 February 2009.
  27. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as at au av aw ax ay az ba bb bc bd "USCensusBureau:Countries and Areas Ranked by Population: 2009". Diarsip saka sing asli ing 2013-10-13. Dibukak ing 2011-06-04.
  28. Mesir lumrahé dianggep sawijining nagara lintas bawana (transcontinental nation) kang manggon ing Afrika Lor lan Asia Kulon; gunggung sing ndunungi lan amba wewengkoné minangka pérangan Afrika waé, yaiku sisih kuloné Terusan Suèz.
  29. Républik Dhémokratis Arab Saharawi wis diakoni nagara berdaulat déning Uni Afrika, nanging wektu iki sapérangan gedhé wewengkon Sahara Kulon dikuwasani déning Maroko sawisé mardika saka Spanyol ing taun 1976, lan statusé isih dadi pasulayan. Klaim Maroko iki ora diakoni kanthi internasional.
  30. The Spanish Canary Islands, of which Las Palmas de Gran Canaria are Santa Cruz de Tenerife are co-capitals, are often considered part of Northern Africa due to their relative proximity to Morocco and Western Sahara; population and area figures are for 2001.
  31. The Spanish exclave of Ceuta is surrounded on land by Morocco in Northern Africa; population and area figures are for 2001.
  32. The Portuguese Madeira Islands are often considered part of Northern Africa due to their relative proximity to Morocco; population and area figures are for 2001.
  33. The Spanish exclave of Melilla is surrounded on land by Morocco in Northern Africa; population and area figures are for 2001.
  34. Bloemfontein is the judicial capital of South Africa, while Cape Town is its legislative seat, and Pretoria is the country's administrative seat.
  35. Yamoussoukro is the official capital of Côte d'Ivoire, while Abidjan is the de facto seat.

Pranala njaba

besut