Hazrat Allama Dr Sir Muhammad Iqbal (Punjabi, (9 November 1877 Sialkot – 21 April 1938 Lahore) iku pujangga basa Pèrsi lan Urdu, filsuf lan politisi[1] sing kanthi pamikirané dadi landhesan kamardikan wong Muslim saka jajahan Inggris lan madeg nagara dhéwé, ya iku Pakistan.

Muhammad Iqbal
LairPunjab, British India
PatiLahore, Punjab, British India
KalaEra modhèren
TlatahFilsafat Islam
AliranSufisme, Islam, Singah, Ismailiyah
Karsa pokok
gurit, filsafat, sufisme
Gantha misuwur
Téyori Dua-Nagara

Sawisé sinau ing Cambridge, Munich, lan Heidelberg, Iqbal dadi pengacara nanging ora dadi laku padinan sing diugemi. Iqbal luwih seneng nulis prakara pulitik, ékonomi, sajarah, filsafat, lan agama. Dhèwèké luwih kondhang prakara gurit, kalebu Asrar-é-Khudi, Rumuz-é-Bekhudi, lan Bang-é-Dara.

Kadadean Sajeroning Uripé Muhammad Iqbal

Tahun Kadadean
1877 M Muhammad Iqbal lair ing Sialkot, Punjab tanggal 9 Novembaer
1905 M Muhammad Iqbal Mulai sinau ana ing Éropah, Inggris, Jeraman
1907 M Muhammad Iqbal nguatake désertasiné kanthi sesirah The development of Metaphysics in Pèrsi
1908 M Muhammad Iqbal mbalékake Lahore sawisé sinau ing nagara liya
1922 M Muhammad Iqbal kantuk gelar Sir
1930 M <sub'>Muhammad Igbal kapilih ing Liga Muslim India
1931 M Muhammad iqbal teka ana ing Konferensi Meja Bunder
1933 M Muhammad Iqbal lunga ing Afganistan kanggo ngawé Universitas Kabul
1938 M Muhammad Iqbal séda (pati)

Cathetan sikil

besut

<references>


  1. Bhatti, Anil (2006-06-28). "Iqbal and Goethe" (PDF). Yearbook of the Goethe Society of India. Dibukak ing 2006-06-28.