Menyang kontèn

Kaji

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Ibadah kaji)
Ritual kaji, rukun Islam kang pungkasan.
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Kaji utawa haji iku rukun (cagak agama) Islam kang kalima sawisé syahadat, salat, jakat lan pasa. Nglakoni ngibadah kaji minangka wujud ritual taunan kang dilakoni kaum muslim sadonya kang kuwawa (materi, fisik, lan ngèlmuné) kanthi teka lan nglakoni sawatara kagiyatan ing sawatara panggonan suci ing Arab Saudi ana ing wektu kang kaloka minangka mangsa kaji (bulan Dzulhijjah). Bab iki béda karo ngibadah umrah kang bisa ditindakaké nalika-wektu. Kagiatan inti ngibadah kaji diwiwiti tanggal 8 Dzulhijjah nalika umat Islam nginep ing Mina, wukuf ing Padang Arafah tanggal 9 Dzulhijjah, lan mungkasi sawisé mbalang jumrah (watu simbul sétan) ing tanggal 10 Dzulhijjah. Masarakat Indonésia biyasa nyebut dina riyaya Idul Adha minangka Dina riyaya kaji amarga bebarengan karo karaméan ngibadah kaji.

Dhéfinisi

[besut | besut sumber]

Kaji miturut basa tegese nyengaja utawa tumuju. Miturut istilah kaji tegese nyengaja tumuju Baitullah utawa Ka'bah kanggo ngleksanakake ngibadah marang Allah ing wektu tertemtu lan dilakoni kanthi tertib. Ngibadah kaji yaiku rukun Islam kaping 5 kang ukume wajib dilakoni kanggo muslim kang bisa.

Latar buri ngibadah kaji

[besut | besut sumber]

Wong-wong Arab jaman jahiliah wis tepung ngibadah kaji iki kang diwarisi saka leluhuré kanthi owah-owahan sawatara. Nanging, wangun lumrahé isih tetep padha, kaya ta thawaf, sa'i, wukuf, lan mbalang jumrah. Mung waé tatacarané akèh kang ora cocog karo saréngat kang sabeneré. Mula, Islam banjur teka lan ndandani segi-segi kang klèru lan tetep nglakoni apa kang wis cocog karo pituduh syara' (saréngat), kaya déné kang diatur déning al-Qur'an lan sunat rasul.[1] Latar belakang ngibadah kaji iki uga didhasaraké marang ngibadah kang dilakoni déning para nabi sajeroning agama Islam, mligi nabi Ibrahim (nabiné agama Tauhid). Ritual thawaf didhasaraké marang ngibadah kang dilakoni déning umat-umat sadurungé nabi Ibarahim. Ritual sa'i, yaiku lumayu-lumayu antara bukit Shafa lan Marwah uga didhasaraké kanggo mèngeti ritual kang dilakoni déning garwané nabi Ibrahim nalika golèk banyu kanggo anaké nabi Ismail. Déné wukuf ing Arafah iku ritual kanggo mèngeti panggonan ketemuné nabi Adam lan Siti Hawa ing donya, yaiku mula bukané kelairan kabèh umat manungsa.

Jinis ngibadah kaji

[besut | besut sumber]
Padang Arafah ing mangsa kaji

Saben jamaah bébas milih jinis ngibadah kaji kang arep dilakoni. Rasulullah SAW mènèhi kabebasan sajeroning bab iki, kaya mau ing hadis ing ngisor iki:

Aisyah (radhiyallahu anha) celathu: Kita mangkat ngibadah bebarengan karo Rasulullah SAW ing taun hajjatul wada. Sawenèh ana kang nganggo ihram, kanggo kaji lan umrah lan ana uga kang nganggo ihram kanggo kaji. Wong kang ihram kanggo umrah nglakoni tahallul nalika wis tekan Baitullah. Déné wong kang ihram kanggo kaji yèn dhèwèké ngumpulaké kaji lan umrah. Mula dhèwèké ora nglakoni tahalul nganti rampung saka nahar.[2][3]

Jinis-jinis ngibadah kaji:[2]

  • Kaji Ifrad, tegesé dhèwèkan. Ibadah kaji diarani ifrad yèn nduwé karep ndhèwèaké kaji utawa ndhèwèkaké umrah. Kang didhisikké yaiku ngibadah kaji. Nalika nganggo sandhangan ihram ing miqat, pasang niyat arep nglakoni ngibadah kaji ndhisik. Yèn ngibadah kaji wis rampung, nganggo ihram manèh kanggo ngayahi umrah.
  • Kaji Tamattu, tegesé santai, yaiku nglakoni umrah ndhidik ing wulan kaji, sawisé tahallul nganggo ihram manèh kanggo ngayahi ngibadah kaji, ing taun kang padha. Tamattu uga bisa dilakoni kanthi ngibadah kaji lan umrah ing wulan-wulan lan taun kang padha, tanpa mulih dhisik menyang nagara asalé.
  • Kaji Qiran, tegesé nggabungaké. Kang dikarepké yaiku nyawijèkké ihram kanggo ngibadah kaji lan umrah. Kaji qiran dilakoni kanthi tetep nganggo sandhangan ihram wiwit miqat makani lan nglakoni kabèh rukun lan wajib kaji nganti rampung, sanajan suwé. Miturut Abu Hanifah, nglakoni kaji qiran, tegesé nglakoni thawaf ping pindho lan sa'i ping pindho.

Rukun Kaji

[besut | besut sumber]

Rukun kaji yaiku kabeh perkara kang ndadekake kajine wong sah lan dadi ngibadah. Rukun kaji ora bisa diganti dening samubarang apa wae, ing wujud dam (denda) uga ora bisa. Menawa salah siji rukun ditinggalake, ngibadah kaji ora sah. Rukun ngibadah kaji yaiku:

  1. Ihram dibarengi niyat, niyat kang gebleng kanggo ngayahi ngibadah kaji. Ibadah iki diwiwiti nalika ngancik tlatah miqat (wates-wates kang wis dikukuhaké). Yen diucapake, niate kaya iki: لَبَيْكَ اللّٰهُمَّ حَجًّا, tegese:"Aku nglakoni panjelukmu kanggo kaji"
  2. Wukuf ing Arafah, yaiku mandheg utawa meneng ing padang Arafah wiwit lingsiré srengéngé ing wayah Zuhur tanggal 9 Zulhijah nganti angslupe srengenge tanggal 9 Dzulhijjah.
  3. Thawaf Ifadhah, yaiku ngubengi ka'bah kaping pitu, syaraté: Suci, nutup aurat, Ka'bah dumunung ing sisih kiwa, miwiti tawaf saka arah Hajar Aswat.
  4. Sa'i, yaiku lumaku rikat antara Shafa lan Marwah.
  5. Tahallul utawa Nyukur/nggunting rambut. Sethithiké nggunting telung lèr rambut.
  6. Tertib, yaiku ngayahi rukun haji kanthi urut.

Kagiatan sajeroning ngibadah kaji

[besut | besut sumber]

Kagiatan utama sajeroning ngibadah kaji miturut urutan wektu:

  • Sadurungé 8 Dzulhijjah, umat Islam saka saindhenging donya wiwit teka kanggo ngayahi Tawaf Kaji ing Masjidil Karam, Mekah.
  • 8 Dzulhijjah, jamaah kaji kudu nginep ing Mina. Sadurungé, ésuk-ésuk tanggal 8 Dzulhijjah, kabèh padha nganggo sandhangan Ihram (rong lembar kain tanpa jaitan minangka sandhangan kaji), niyat kaji, lan maca Talbiyah, tukuju Mina lan benginé kudu nginep ing Mina.
  • 9 Dzulhijjah, ésuk kabèh jamaah kaji lunga menyang Arafah kanggo nglakoni ngibadah Wukuf, yaiku meneng lan ndonga ing ara-ara amba iki nganti Maghrib. Bareng wis wengi, jamaah énggal mangkat lan nginep ing Muzdalifah.
  • 10 Dzulhijjah, sawisé ésuk, jamaah lunga menyang Mina kanggo mbalang Jumrah Aqabah, yaiku mbalang watu / krikil ping pitu marang tugu pisanan minangka simbul ngusir sétan. Sawisé cukur rambut utawa sapérangan rambut, jamaah bisa Tawaf Kaji (ngrampungké Kaji), utawa nginep ing Mina lan nerusaké mbalang jumrah (Ula lan Wustha).
  • 11 Dzulhijjah, mbalang jumrah sambungan (Ula) ing tugu pisanan, tugu kaloro, lan tugu katelu.
  • 12 Dzulhijjah, mbalang jumrah sambungan (Ula) ing tugu pisanan, tugu kaloro, lan tugu katelu.
  • Sadurungé mulih menyang nagara asal, jamaah nglakoni Thawaf Wada' (thawaf pisahan).

Lokasi utama sajeroning ngibadah kaji

[besut | besut sumber]

Ing kutha iki ngadeg punjer ngibadah umat Islam sadonya, Ka'bah, kang dumunung ing punjer Masjidil Karam. Sajeroning ritual kaji, Mekah dadi panggonan pambuka lan panutup ngibadah iki nalika jamaah diwajibaké niyat lan thawaf haji.

Kutha ing sisih wétan Mekah iki uga kaloka minangka panggonan punjer kaji, yaiku panggonan kanggo wukuf. Laladan wujud ara-ara amba iki panggonan kumpulé rong yuta jamaah kaji saka saindhenging donya. Saliyané usum kaji, tlatah iki ora dianggo apa-apa.

Panggonan ngadegé tugu jumrah, yaiku panggonan nglakoni ritual mbalangké watu marang tugu jumrah kanggo mèngeti nabi Ibrahim nalika ngusir sétan. Ana telu tugu yaiku: Jumrah Aqabah, Jumrah Ula, lan Jumrah Wustha. Ing Mina iki para jamaah diwajibaké nginep sawengi.

Muzdalifah

[besut | besut sumber]

Tlatah cedhak Mina lan Arafah, kaloka minangka panggonan jamaah kaji Mabit (nginep) lan ngumpulaké krikil kanggo mbalang jumrah ing Mina.

Madinah

[besut | besut sumber]

Kutha suci kaloro umat Islam. Ing Madinah iki panutan umat Islam, Muhammad disarèkaké ing Masjid Nabawi. Panggonan iki sajatiné ora kalebu sajeroning ritual ngibadah kaji, nanging jamaah kaji lumrahé teka ing kutha kang dunungé watara 200 km loré Mekah iki kanggo ziarah lan salat ing masjidé Nabi.

Jamaah saka Indonésia

[besut | besut sumber]

Saben taun jamaah kaji saka Indonésia cukup akèh, watara 10% saka total jatah sadonya. Cacahing jamaah Indonésia kang budhal ngibadah kaji wiwit taun 2000 nganti 2006[4]

  • Taun 2000: 174.495
  • Taun 2001: 192.297
  • Taun 2002: 196.813
  • Taun 2003: 201.319
  • Taun 2004: 204.945
  • Taun 2005: 189.843
  • Taun 2006: 203.609

Rekaman tragedi ngibadah haji

[besut | besut sumber]
  • Dhésèmber 1975: 200 jamaah tiwas ing sacedhaking kutha Makkah sawisé pipa gas njeblug lan ngobong sepuluh tendha.
  • 4 Dhésèmber 1979: 153 jamaah tiwas lan 560 liyané tatu nalika punggawa kaamanan Arab Saudi kang dibantu wadya Prancis nyoba mbébaskan Masjidil Karam kang disandra saklompok militan sajeroning rong minggu.
  • 31 Juli 1987: 402 jamaah tiwas, 275 ing antarané saka Iran, sawisé éwon jamaah Iran démonstrasi lan dilawan kanthi fisik déning pihak kaamanan Arab Saudi. Akibat iku mau Arab Saudi mutusaké gayutan diplomatik karo Iran, kang sidané ora ngirim jamaahé nganti taun 1991.
  • 10 Juli 1989: siji jamaah tiwas lan 16 tatu saka panémbakan sajeroning Masjidil Karam. Sabanjuré 16 wong Kuwait kang nyerang mau diukum tembak mati.
  • 15 Juli 1989: lima jamaah asal Pakistan tiwas lan 34 liyané tatu akibat insiden pambedhil déning golongan mawa senjata ing pomahan ing Mekah.
  • 2 Juli 1990: 1.426 jamaah tiwas, akèh-akèhé saka Asia akibat kaprangkap ing trowongan Mina.
  • 24 Mèi 1994: 270 jamaah tiwas akibat silih surung lan idak ing Mina.
  • 7 Mèi 1995: tiga jamaah tiwas akibat kobongan ing Mina.
  • 15 April 1997: 343 jamaah tiwas lan 1.500 liyané tatu amarga kentèkan napas amarga kobongan tendha ing Mina. Saiki tendha-tendha wis digenti saka bahan kang tahan geni.
  • 9 April 1998: 118 jamaah tiwas amarga dhesek–dhesekan nalika mbalang jumrah.
  • 5 Maret 2001: 35 jamaah tiwas sarta puluhan liyanénya tatu amarga dhesek-dhesekan ing Jammarat.
  • 11 Fèbruari 2003: 14 jamaah tiwas ing Jumrotul Mina – enem wanita.
  • 1 Fèbruari 2004: 251 jamaah tiwas nalika mbalang jumrah.
  • 23 Januari 2005: 29 jamaah tiwas akibat banjir ing Madinah.
  • 5 Januari 2006: 76 tiwas akibat runtuhé panginepan al-Rayahin ing dalan Gaza, watara 200 mèter sisih kulon Masjidil Karam.
  • 12 Jan 2006: Saora-orané 345 jamaah tiwas ing Jammarat.

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Sundarmi Burkan Saleh, Pedoman haji, umrah, dan ziarah, Senayan Abadi Publishing, Jakarta:2003
  2. a b Nogarsyah Moede Gayo, Pustaka pintar haji dan umrah, Inovasi, Jakarta:2003
  3. HR. Ahmad, al-Bukhari, Muslim dan Malik dari 'Aisyah RA
  4. "Depag:DATA JEMAAH HAJI INDONESIA PER PROVINSI DARI TAHUN 2000 S.D. 2006" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2008-12-27. Dibukak ing 2009-04-06.

Wacan luwih lanjut

[besut | besut sumber]

Deleng uga

[besut | besut sumber]