Drama Baja
Drama Baja
Drama Baja
Wiwitane,
kaluwarga iki urip mulya lan bercukupan. Nanging, amarga gaya uripe tansah boros kang
nyebabake biaya uripe akeh. Saengga, dheweke uga nggoleki sumber dhuwit liyane lan mbukak
toko sembako.
Bapak : buk, deleng iki! Bapak nembe tuku hp lan laptop anyar!
Ibu : Walah pak, minngu wingi bukane bapak wis tumbas hp? Kok saiki wis tumbas maneh? Ibu kan
uga arep ditumbasne apa-apa pak, Wingi ibu deleng ing online shop ana sing dodol klambi apik pak,
murah maneh namung Rp.300.000,00
Bapak : hmm yowes... kana tuku buk…
Ibu: oh ya pak, uga ana sepatu regane Rp.500.000, apik maneh pak! Akeh kang tuku, pilihan warnane
uga akeh!
Bapak : Karepe, tuku kang ibu arepi
Ibuk: iyaa pak!
Bapak: Pokok e ibu tuku wae kang ibu arep, tuku setokone uga gapapa bu…
Ibuk:walah bapak iso wae....
1hari setelahnya..
Bapak:tokone sek sepi bukk
Ibuk:iyaa piye iki pak ?
Bapak:hemmm.. sabar ya buk
Ibuk: iyaa pak
Ibuk: awake dhewe jalani wae pak..
Bapak: iyaa buk, sepurane yaa
2 minggu kemudian....
Ibukk:pak
Bapak: dalem buk?
Ibuk: Nganthi kapan awake dhewe urip kaya ngene iki?
Ibuk: (exrpresi melas)ibuk pegel pak, ibuk uga pengen kaya konco-koncone ibuk kang sering mlaku-
mlaku, terus shoping shoping…aku ga kuat urip ngene iki terus….
Bapak: (expresi mulai ga enak) Piye to buk? Awake dhewe iki lagi urip susah, tapi malah ibuk kang
kepingin aneh-aneh! sabar sek buk..
Bapak: bapak uga ga gelem buk, urip ngene terus....
Wis pirang-pirang wulan mbukak toko sembako, nanging penghasilan saka dodolan sembako isih
ora cukup kanggo nyukupi kebutuhane dheweke kang akeh. Nganthi, pungkasane dheweke
mutusake arep nindakake pesugihan marang Dhukun Teja, dhukun paling sakti ing desane
Ibuk : Bosen aku pak urip miskin, nanging dino ke dino toko bukane tambah rame nanging tambah
sepi.
Bapak : Bapak uga pegel, kerja melintir mrono-mrene usaha apa wae tetep ora berhasil, kudune ibu
meneng ae lan bantu bapak, ojo nesu wae terus nurut bae karo bapak!
Ibu : Ibu bosen, Ibu pegel pak, Ibu isin karo tonggo kang uripe enak lan serba cukup kang serba ana
ora ana kekurangan kaya awake dhewe. Ibu wis sering diomongi tonggo amarga awake dhewe kang
awale urip enak dumadakan miskin kaya ngene pak…
Bapak : wes to buk! Bapak iki uga nggolek cara kepriye carane supaya awak dhewe iso nyukupi biaya
urip lan sekolahe anak-anake dhewe
Ibu : Mangkane, sampean kudu iso nggawe kerjaan lan nggawe usaha ojo ngandalno halal wae,
amarga nuruti halal iku awak dhewe ora ndang cepet sugih...
Bapak : wiwit mbiyen sampeyan durung mudeng yen kerja usaha iku ora gampang. Rasane ati iki wis
ora gelem lakoni guleti halal, jalan utamane Pesugihan karo Dukun Teja.
Sang bapak mutusake tindak menyang omahe dhukun Teja kanggo nindakake pesugihan. Tekan
omahe dhukun Teja, bapake langsung njlentrehake kahanan sing dialami dheweke lan keluargane
Bapak : dadi ngene mbah, amarga kebutuhan keluarga kula kang akeh setiap dinone lan uga biaya
sekolah anak-anak kula ditambah toko sembako kulo kang justru dino ke dino tambah sepi. Kulo arep
nyuwun tolong mbah, tolong mbah bantu bantu kulo kanggo nindakake pesugihan.
Dukun Teja : hmm....aku iso mbantu sampeyan pak, nanging ana sawetara syarat tertentu, salah
sijine bakal berdampak kanggo keluargane bapak...
Amarga wis mbutuhake dhuwit kanggo nyukupi biaya urip keluargane, tanpa menghiraukan syarat
kang dikandhakake dhukun, bapake langsung setuju tanpa mikir dowo. Sawise nyetujoni kabeh
syarat kang diusulake dening dukun Teja , bapake banjur cepet-cepet mulih kanggo ngandhani
bojone
Sawise nindakake pesugihan, uripe berubah drastic, dhuwit iso teka dhewe tanpa kudu nggoleki
kanthi angel. Pawarta ngenani kaluwargane pak….kang wis owah drastis dadi topik rembugan para
tangga
Nalika bu…tekan omah, anake kang sekolah ing luar kota dumadakan nelpon lang ngandhani yen
dheweke bakal mulih minggu iki. Krungu kabar kuwi, ibuke bungah banget nampi rawuhipun
anake.
Dino sesuke, anak mbarepe wis tekan bandara. Kanthi rasa bungah, bapak lan ibu uga adhine
banjur jemput anake nganggo mobil mewah. Tekan omah, padha saling crita nganti bengi. Tanpa
sadar wis suwi banget wiwit nindakake pesugihan nganthi pungkasane adhine asring lara-laranan
miturut akibat saka nindakake pesugihan kasebut.
Anak 2: bukk, haduh… badan kula akhir-akhir menika kok gatel-gatel nggih?
Ibuk: hmmm
Ibuk: Gapopo...iku gatel biasa, engkok lha bakal waras dewe...
Bapak: Iya iku mungkin gatel biasaa
Bapak: Mengko tak keki salep wae, iku bapak nyimpen ndek lemari
Anak 2:emm nggih pak….
Sesampainya disana...
Ayah: Assalamualikum mbah, Kulo nyuwun pitulong…
Dukun teja: ana apa?
Ayah: Mekaten mbah, yoga kulo kang ragil asring gerah….sampun kulo beto datheng dokter, nanging
mboten saged disarasaken, kulo bingung mbah..
Dukun: kuwe ileng gak? Apa kang tak omongke wektu kuwe nyuwun pesugihan, mesti ana
konsekuensi sing bakal kuwe trimo, nanging kuwe ora nggatekake apa sing tak omongke...
Ayah : lajengipun pripun mbah, nasib yoga kula?
Dukun : hmm...kuwe iso bebas saka pesugihan iki, nanging kanthi cara kuwe kudu ngorbanake salah
sawijining anakmu.
Ayah : Nggih mbah, kula nyuwun pamit rumiyin…
Dengan perasaan kecewa sang ayah pun kembali pulang untuk membicarakan hal ini dengan
istrinya. Di tengah perjalanan pulang sang ayah bertemu dengan seorang ustadz.