Menyang kontèn

Rambutan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
Rambutan
Woh rambutan
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Sapindales
Famili: Sapindaceae
Génus: Nephelium
Spésies: N. lappaceum
Jeneng binomial
Nephelium lappaceum
L.

Rambutan, Nephelium lappaceum iku wit kang kalebu ing famili Sapindaceae.[1] Wohé wit iku uga jenengé rambutan. Rambutan akèh tinemu ing tlatah tropis, kaya ta Asia Kidul-Wétan, Asia Kidul, Afrika lan Amérika Kidul.[1]

Ing Indonésia, rambutan kang misuwur asalé saka Sumatra Lor, mligi saka Binjai cedhak Medan.[1] Rambutan(Nephelium sp)kalebu tuwuhan woh hortikultural.[1] Rambutan duwé jeneng liya ing Basa Inggris yaiku Hairy Fruit.[1] Rambutan kalebu woh-wohan asli Indonésia.[1] Nganti saiki rambutan nyebar ing luar laladan kang iklimé tropis, kaya ta Filipina lan nagara-nagara ing Amérika Latin.[1] Rambutan tinemu uga ing laladan kang duwé iklim sub-tropis.[1]

Wit rambutan dhuwuré bisa nganti 20 mèter lan duwé kenopi kang nggrembuyeng.[2] Wit rambutan kalebu wit kang gédhé lan cendhék.[2] Kulit wit lan pangé wernané soklat tuwa lan ana putih-putih cilik ing kulite.[2] Godhong rambutan ambuné rada wangi, godhongé rada lunyu lan duwé wulu sithik.[2] Kembang rambutan ana kang diarani kembang lanang lan kembang wédok.[2] Rambutan merlokaké kéwan kaya gegremet kanggo penyerbukan.[2] Woh rambutan dhapuré bujur utawa lonjong meh bunder lan ukurané kurang luwih 5 cm.[2] Rambutan mateng kurang luwih 100 nganti 130 dina sawisé ngembang.[2]

Nandur

Wit rambutan bisa ditandur nganggo sistem tiga segi sama, empat segi sama utawa sistem sesiku keluang.[2] Jarang nandur wit rambutan yaiku 9 m x 9 m x 9 m.[2] Kanggo nggemburaké lemah bisa ditindakaké ing awal mangsa udan.[2] Kanggo wit kang wis tuwa yaiku 3-4 minggu sawisé ngembang.[2] Ing sakupéngé wit rambutan bisa digemburaké lemahé ancasé kanggo nyuburaké lan hawa kang ngandhut nutrisi bisa lumebu.[2] Pengapuran bisa dilaksenakaké yèn pH tanah kurang saka 4,5.[2] Rambutan bisa diwénéhi pupuk supaya subur. Saliyané pupuk kandhang, pupuk gawéan kang bisa dianggo yaiku campuran Uréa, TSP utawa SP-36, lan KCL, kanthi perbandingan 2:2:1, utawa ditaker 50-250 gram/tuwuhan.[3] Rambutan dipupuk ping telu saben setaun kanthi jarak wektu patang sasi sapisan.[3] Yèn tuwuhan wis umur 10 taun kudu dipupuk NPK kang cacahé 500-1.000 gr saben wit.[3] Saliyané nganggo cara ''okulasi'', rambutan uga bisa ditengkaraké nganggo wijiné, nanging wohé luwih suwé tinimbang yèn ditengkaraké nganggo cara okulasi.[4]

Jinis

Saka panalitén lan survey tinemu ana 22 jinis rambutan.[1] Asalé ana kang saka galur murni lan ana uga kang asil okulasi utawa nggabungaké saka rong jinis galur kang béda.[1] Ciri-ciri kang mbedakaké saben jinis rambutan bisa didelok saka sifaté woh rambutan.[1] Sifat woh rambutan bisa didelok saka daging woh rambutan, akèh sithiké banyu ing woh rambutan, bentuk, warna kulit, lan dawané rambut rambutan.[1] Ana ''varietas'' rambutan kang paling disénéngi lan aji ''ekonomis'' kang rélatif dhuwur.[1]

Rambutan Rapiah

Rambutan rapiah wohé ora patia akèh nanging buah iki mutuné apik, kulit wohé rupané ijo-kuning-abang ora rata.[1] Rambutan rapiah rambuté arang-arang.[1] Daging woh rambutan rasané legi, kenyal, lan nglothok.[1] Daging wohé uga kandel lan bisa tahan nganti 6 dina sawisé dipetik.[1]

Rambutan Acèh Lebak bulus

Rambutan iki wité dhuwur lan wohé akèh. Asilé kurang luwih 160-170 gendhel saben wit.[1]Kulit wohé wernané abang, kuning lan alus. Rambutan iki rasané séger legi lan kécut.[1] Rambutan acéh lebak bulus ngandhut akèh banyu lan ngelotok.[1] Wohé bisa awet nganti 4 dina sawisé kapethik, saliyané iku woh rambutan iki uga tahan ing pengangkutan.[1]

Rambutan Cimacan

Rambutan iki wohé akèh.[1] Saben wit kurang luwih 90 nganti 170 iket.[1] Kulité wernané abang rada kuning, ana uga kang abang tuwa.[1] Rambuté kasar lan rada jarang, rasané legi lan banyuné sithik.[1] rambutan Cimacan kurang tahan ing pangangkutan.[1]

Rambutan Binjai

Rambutan jinis iki kalebu rambutan kang paling apik ing Indonésia.[1] Wohé gédhé lan kulité wernané abang tuwa.[1] Rambutan iki rambuté rada kasar lan arang, rasané legi lan rada kecut.[1] Asil wohé ora sakakéh woh acé lebak bulus nanging dagingé nglothok.[1]

Rambutan Sinyonya

Jinis rambutan iki duwé woh kang akèh lan disenengi mligi wong Tionghoa.[1] Wit lan pang-pangé kang kuwat pas yèn diokulasi.[1] Rambutan iki warna kulité abang tuwa nganti abang anggur lan duwé rambut alus lan kerep utawa rapet.[1] Wohe rasané legi rada kecut, akèh banyuné lan ''empuk''.[1] Rambutan sinyonya kalebu rambutan kang ora nglothok.[1]

Kebak ing guna

Rambutan dibudidayakaké lan dimanfaatké wohé.[4] Woh rambutan ngandhut gizi, zat tepung, zat énzim-énzim kang ''esensial'' lan ''nonesensial'', vitamin, zat mineral makro, mikro kang nyèhataké.[4] Ana uga kang ndadèkaké wit rambutan dadi wit kanggo ayom-ayom ing pekarangan omah lan dadi tuwuhan hias.[4] Rambutan ngandhut vitamin C saéngga rambutan uga kena kanggo tamba sariawan.[4] Saliyané iku rambutan uga kena kanggo tamba lara demam lan kencing manis.[4]

Sentra Tuwuhan

Ing Indonésia kang dadi sentra tuwuhan rambutan yaiku ing Pulo Jawa mligi ing Bekasi, Kuningan, Malang, Prabalingga, Lumajang lan ing Garut.[5]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai warintek.ristek.go.id Archived 2012-03-03 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 1 Mèi 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n deptan.go.id Archived 2012-01-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 1 Mèi 2011)
  3. a b c proseanet.org Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 1 Mèi 2011)
  4. a b c d e f deptan.go.id Archived 2013-12-12 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 1 mei 2011)
  5. trubus-online.co.id Archived 2011-04-02 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 1 Mèi 2011)

Pranala njaba

Gladri Rambutan

Deleng Uga Woh-wohan