Menyang kontèn

Salak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 2 Oktober 2023 07.05 déning InternetArchiveBot (parembugan | pasumbang) (Rescuing 1 sources and tagging 0 as dead.) #IABot (v2.0.9.5)
() ← Révisi sadurungé | Révisi wekasan (bé) | Révisi sabanjuré → (bé)
Salak
ꦱꦭꦏ꧀
Woh salak
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Arecales
Famili: Arecaceae
Génus: Salacca
Spésies: S. zalacca
Jeneng binomial
Salacca zalacca
(Gaertn.) Voss
Sinonim

Salacca edulis Reinw.
Calamus zalacca Gaertn.

Salak iku uwit lan woh saka tuwuhan sing éwoning palma kanthi woh sing bisa dipangan.[1] Uwit lan woh iki uga misuwur minangka sala (Min., Mak., Bug.,[2] dan Thai). Sajeroning basa Inggris diarani salak utawa snake fruit, sauntara jeneng ngèlmiahé yaiku Salacca zalacca. Wohé kang bunder padha karo endhog nanging rada lancip ing sisih dhuwur, kulité coklat tuwa. Woh iki uga ingaran snake fruit amarga kulité mèmper sisik ula.[1] Rasané sepet nanging saiki wis dibudidayakaké jinis unggulan.[1]

Saliyané dadi laladan wisata kang éndah, Bali uga dadi sentral produksi salak ing Indonésia.[3] Salak kang asalé saka Bali iki jenengé salak Bali.[3] Salak Bali daging buahé kandel lan wernané putih rada kuning.[3] Tekstur salak Bali renyah.[3] Wijiné uga cilik-cilik, cacahé 1-2 saben woh.[3] Ukuran salak Bali rada cilik.[3] Salak Bali duwé sipat kas ''kleistogami''.[3] Tegesé, pembuahan salak Bali bisa kadadéan kanthi otomatis, or mrelokaké manungsa.[3] Wit salak Bali dhuwuré kurang luwih lima nganti pitung mèter.[3]

Woh salak bisa dipanén sawisé mateng lan umuré kira-kira enem wulan sawisé kembang mekar.[3] Salak kang siyap panèn titikané sisiké jarang, warna kulité abang semu ireng utawa kuning tuwa lan wulu-wuluné wis ilang.[3] Pucuké salak lancip lan empuk yèn dipenyèt.[3]

Salak Bali akèh tinemu ing Sibetan lan Karangasem.[3]

lan liyané

Carané nandur

[besut | besut sumber]

Saiki nandur salak wis tansaya maju.[4] Olèhé nandur ora ndadak ndhedher ''kenthos''.[4] Carané luwih gampang lan rikat yaiku kanthi nyangkok nganggo pring utawa botol plastik lan saben dina kudu sregep nyirami.[4] Manawa wis metu oyodé dikethok banjur ditandur.[4]

Sadurungé ditandur lemahé didhudhuk dhisik banjur diwènèhi rabuk.[4] Dientèni nganti sawatara wektu lagi cangkokan salak mau ditandur.[4] Yèn wis metu ketheker digolèkaké kembang salak lanang sing banjur digepyokaké ing ketheker lan iki sing diarani kawin silang tumrap salak.[4] Wiwit kembang, géyol nganti dadi salak mateng umuré sesasi.[4]

Habitat

[besut | besut sumber]

Tuwuhan salak bisa urip ing laladan-laladan ing Indonésia.[4] Tuladhané ing DKI Jakarta, Jawa Barat, Jawa Tengah, D.I.Yogyakarta, Jawa Wétan, Sumatra Lor, Sulawesi Utara, Sulawesi Kidul, Maluku, Bali, NTB lan Kalimantan Barat.[4]

Salak bisa urip ing lemah kang subur, gembur, lan lembab.[5]

Derajat keasaman lemah utawa ''pH'' kang cocog kanggo nandur salak yaiku 4,5-7,5.[5] Wit salak bakal mati yèn lemah kang dianggo urip ngandhut banyu kang luwih-luwih.[5] Wit salak bakal mati amarga kebacékén.[3] Nanging salak mbutuhaké lemah kang lembab kanggo urip.[5] Wit salak bisa urip ing laladan kang dhuwuré 100–500 m dpl.[5]

Asil olahan

[besut | besut sumber]

Woh salak bisa dipangan langsung tanpa olahan apa-apa.[4] Salak bisa kanggo buah sawisé mangan.[4] Nanging yèn salak arep dipangan langsung, kudu ngenténi salak mateng.[4] Salak yèn durung mateng rasané sepet.[4] Salak uga bisa digawé manisan kang rasané legi uga bisa digawé asinan kang rasané rada asin.[4] Saiki manisan salak bisa digawé saka salak sakulité, dadi tanpa diocéki.[4] Wit salak ora bisa kanggo bahan yasan lan kayu bakar.[4] Woh salak lumrahé disuguhaké dadi buah méja.[4] Woh salak kang didol lumrahé isih wujud ''tandan'' utawa wis diprothéli dadi pethilan sawiji-wiji.[4] Salak kang dipanén ing wulan kang kaping 4 utawa 5 lumrahé digawé manisan.[4]

Gladri Salak

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c [1] Archived 2011-06-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh taggal 25 April 2011)
  2. Heyne, K. 1987. Tumbuhan Berguna Indonésia, jil. 1. Yay. Sarana Wana Jaya, Jakarta. Hal. 392.
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r [2](dipunundhuh tanggal 25 April 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t [3] Archived 2011-09-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 25 April 2011)
  5. a b c d e [4](dipunundhuh tanggal 25 April 2011)

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
Deleng Uga Woh-wohan