Assalamu'alaikum Wr. WB.: Pranoto Adicoro Pengaosan Jum'At Siang Dusun Kalidoro
Assalamu'alaikum Wr. WB.: Pranoto Adicoro Pengaosan Jum'At Siang Dusun Kalidoro
Assalamu'alaikum Wr. WB.: Pranoto Adicoro Pengaosan Jum'At Siang Dusun Kalidoro
Sepindah : Ingkang langkung utami monggo kawulo dherekaken kito ngaturaken raos syukur
wonten ing ngarsaning Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi sedoyo kenikmatan awujud
nikmat sehat, nikmat sempat, nikmat iman lan Islam.. Katitik wonten kulo lan panjenengan sedoyo
saget rawuh wonten ing acara pengaosan rutin siang puniko.
Sumonggo raos syukur kawulo lan panjenengan sami aturaken kanti waosan Hamdallah sareng-
sareng,
Alhamdulillahi robbil’alamin.
Kaping kalehipun : Sholawat soho salam senaoso kawulo lan panjenengan sedowo haturaken
dumatheng Junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW.
Allahuma sholli ‘alaa Sayyidina Muhammad wa ‘alaa alihi Sayyidina Muhammad.
Mugi-mugi kito sedoyo dipun daku dados umatipun Rasulullah SAW, lan ugi dipun paringi syafa’at
awit wonten dunyo dumugi akherat samangke. Aamiinn.
Saklajengipun acara ingkang kaping kaleh inggeh puniko waosan Sholawat, Dhumateng
panjenenganipun Ibu ................. wekdal sak cekapipun kawulo aturaken, sumonggo.
Saking Kawulo minongko Pranoto adicoro wonten kalepatan lan ugi klenta-klentu anggen kawulo
matur dateng panjenengan sedoyo, saestu kawulo ngaturaken agunging pangapunten.
Cekap mekaten ingkang saget kawulo aturaken, Wabillahi taufik wal hidayah....
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Matur Suwun