Assalamu'alaikum Wr. WB.: Pranoto Adicoro Pengaosan Jum'At Siang Dusun Kalidoro

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

PRANOTO ADICORO

PENGAOSAN JUM’AT SIANG DUSUN KALIDORO

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Alhamdulillahi robbil’alamin wa sholatu wasallamu’alaa ashrofil ambiya’i wal mursalin sayyidina
wa maulana Muhammadin wa’alaa alihi washohbihi ajma’in.
Allahuma sholli ‘alaa Sayyidina Muhammad wa ‘alaa alihi Sayyidina Muhammad, fil awwalina
wal a-khirin, wa fil mala-il a’la ila yaumiddin.
Wa laa haula wa laa quwwata illaa billaahil ‘aliyyil ‘azhiim.

Katur dumateng panjenenganipun Bapak/Ibu Bayan ingkang tansah kawulo hormati.


Katur dumateng panjenenganipun Romo Kyai Syeikhul Hadi soho Ibu Nyai ingkang tansah kawulo
hormati lan bekteni.
Katur dumateng panjenenganipun Bapak/Ibu .................... selaku shohibul bait (tuan rumah)
ingkang kawulo hormati.
Lan ugi dumateng sedoyo ibu-ibu Jamaah Pengaosan Rutinan Jum’at siang Dukuh Kalidoro
ingkang kawulo hormati lan kawulo tresnani.

Sepindah : Ingkang langkung utami monggo kawulo dherekaken kito ngaturaken raos syukur
wonten ing ngarsaning Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi sedoyo kenikmatan awujud
nikmat sehat, nikmat sempat, nikmat iman lan Islam.. Katitik wonten kulo lan panjenengan sedoyo
saget rawuh wonten ing acara pengaosan rutin siang puniko.
Sumonggo raos syukur kawulo lan panjenengan sami aturaken kanti waosan Hamdallah sareng-
sareng,
Alhamdulillahi robbil’alamin.
Kaping kalehipun : Sholawat soho salam senaoso kawulo lan panjenengan sedowo haturaken
dumatheng Junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW.
Allahuma sholli ‘alaa Sayyidina Muhammad wa ‘alaa alihi Sayyidina Muhammad.
Mugi-mugi kito sedoyo dipun daku dados umatipun Rasulullah SAW, lan ugi dipun paringi syafa’at
awit wonten dunyo dumugi akherat samangke. Aamiinn.

Sedoyo Jamaah Pengaosan ingkang kawulo hormati,


Saklajengipun, gandeng wekdal sampun sak untawis siang, pramilo pengaosan badhe dipun wiwiti.
Ananging sakderengipun pengaosan kawiwitan, Kawulo badhe maosaken menggah toto acoro
pengaosan rutinan wonten ing jum’at siang meniko :
Acara ingkang sepindah inggih puniko : Pembukaan,
Kaping Kaleh : Waosan Sholawat
Kaping Tigo : Waosan Asma’ul Husna
Kaping sekawan : Dzikir Tahlil kalajengaken Inti Pengaosan lan Do’a
Lan ingkang pungkasan inggih puniko : penutup.
Sedoyo Jamaah Pengaosan ingkang kawulo hormati,
Sumonggo acara pengaosan wonten ing siang puniko dipun wiwiti, pembukaan kanti sesarengan
maos ummul kitab.. Al Fatihah.
................................................................................
Mugi-mugi kanthi waosan ummul kitab kolo wau, acara pengaosan wonten siang puniko saget
mlampah kanthi lancar, sae, mboten wonten alangan punopo-punopo wiwit awal dugi
pungkasanipun.

Saklajengipun acara ingkang kaping kaleh inggeh puniko waosan Sholawat, Dhumateng
panjenenganipun Ibu ................. wekdal sak cekapipun kawulo aturaken, sumonggo.

Sedoyo Jamaah Pengaosan ingkang kawulo hormati,


Acoro kaping kaleh sampun paripurno kalajengaken acoro kaping tigo inggih puniko Waosan
Asma’ul Husna. Dhumateng panjenenganipun Ibu ................. wekdal sak cekapipun kawulo
aturaken, sumonggo.

Sedoyo Jamaah Pengaosan ingkang kawulo hormati,


Waosan Asma’ul Husna sampun paripurno kalajengaken inggih puniko Dzikir Tahil tuwin inti
pengaosan ingkang dipun pimpin panjenenganipun Romo Kyai Syeikhul Hadi. Lan ugi samangke
sak bibaripun inti pengaosan, kasuwun paring do’a penutup.
Dumateng Romo Kyai Syeikhul Hadi kawulo sumanggaaken.

Sedoyo Jamaah Pengaosan ingkang kawulo hormati,


Alhamdulillah... Sedoyo acoro wonten siang puniko sampun kalampahan kanthi sae, lancar, mboten
wonten alangan satunggal punopo-punopo... Mugi-mugi kito saget mangertosi, memahami, lan
ngamalaken punopo ingkang dipun sampek aken dening panjenenganipun Romo Kyai Syeikhul
Hadi wonten ing siang meniko.
Ingkang pungkasan, monggo sareng-sareng acara pengaosan sing puniko kito tutup kanti waosan
Hamdallah.... Alhamdulillahi robbil’alamin....

Saking Kawulo minongko Pranoto adicoro wonten kalepatan lan ugi klenta-klentu anggen kawulo
matur dateng panjenengan sedoyo, saestu kawulo ngaturaken agunging pangapunten.

Cekap mekaten ingkang saget kawulo aturaken, Wabillahi taufik wal hidayah....
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Matur Suwun

You might also like